Hak manungsa ing Chad

Hak manungsa ing Chad diandharaké nduwé setatus kang "ala"; tuladhané, Freedom House netepaké Chad minangka "Ora Mardika" ing sajroning hak manungsa.[1][2] Chad éntuk skor 7 ing hak pulitik lan 6 ing kamardikan sipil (skor 1 ing kéné iku paling mardika, senadyan skor 7 iku paling ora mardika).[2]

Miturut Dhépartemen Jaba Nagari Amérika Sarékat, "Cathetan praktik hak manungsa kang ala déning pamaréntah malah samsaya ala saben tauné; pasukan kamanan nindakaké akèh planggaran hak manungsa kang temenan." Planggaran kang katindakaké antarané ya iku pepati ing jaba ukum, njotosi, nyiksa, lan ruda peksa déning pasukan kamanan; matesi kamardikan wicara, pèrs, lan sarékat; panangkepan lan panahanan sawenang-wenang; lan korupsi kang ambek sawenang-wenang.[1] Pasukan kamanan nindakaké tumindak mangkono lan planggaran liyané, nanging mèh ora tau kena pidana.[1][3][4][5]

Amnesty International nglapuraké yèn "Kaanan ora aman sumebar ing Chad pérangan wétan kang kaanané mbebayani tumrap wong wadon, kang nandhang planggaran hak manungsa, kaya ta ruda peksa nalika désané diserang"[4] déning milisi Janjawid saka Sudan. Wong wadon ngalami diskriminasi lan piala. Sunat pawadonaning wong wadon–kang satemené ilégal–isih akèh katindakaké.[2] Tumindak ala marang wartawan lan aktivis hak manungsa uga kadhokumèntasi[4] saha panganggoning wadyabala bocah cilik déning pasukan kamanan Chad kang kalapuraké déning pirang-pirang organisasi hak manungsa.[1][6][7]

Transparency International ndadèkaké Chad minangka salah siji nagara paling korup ing donya. Ing 2007, Chad éntuk skor 1,8 saka 10 ing Indhèks Persèpsi Korupsi (skor 10 iku kang paling ora korup). Mung Tonga, Uzbèkistan, Haiti, Irak, Myanmar, lan Somalia kang skoré luwih asor.[8] Uga kritik marang tilas Présidhèn Idriss Déby ngenani tuduhan kronisme lan pilih kasih marang ètnisé dhéwé, wong Zaghawa.[9] Pamilu ing Mèi 2006—Déby mimpang ing masa jabatan kateluné—diboikot déning oposisi, ngritik yèn asil pamilu iku curang.[10] Pamilu sadurungé ing 2006 uga dikritik mawa alesan kang padha, dianggep curang déning péhak oposisi, senadyan ta ana tim pangamat saka nagara asing kang ngandharaké yèn pamungutan swara katindakaké "tanpa masalah utawa intimidasi kang gedhé".[11][12][13]

  1. a b c d "Chad" Country Reports on Human Rights Practices 2006. United States Department of State. Accessed on September 4, 2007.
  2. a b c Chad (2007) Freedom House. Accessed on September 4, 2007.
  3. Chad: Events of 2006 Archived 2008-11-10 at the Wayback Machine. Human Rights Watch. Accessed on September 4, 2007.
  4. a b c Annual Report: Chad Archived 2011-02-18 at the Wayback Machine. Amnesty International. Accessed on September 4, 2007.
  5. "Resolution on the Human Rights Situation in the Republic of Chad - ACHPR/Res.541 (LXXIII) 2022". The African Commission on Human and Peoples' Rights (ACHPR), African Union (AU). 12 Dhésèmber 2022. Diarsip saka asliné ing 15 Mèi 2023. Dibukak ing 15 Mèi 2023.
  6. "Chad: Government Keeps Children in Army Ranks" Archived 2008-11-10 at the Wayback Machine. Human Rights Watch. Accessed on September 4, 2007.
  7. "Chad: Army Forcibly Recruiting Youths, Rights Group Says" allAfrica.com. Accessed on December 16, 2007
  8. "Corruption Perceptions Index 2007" Archived 2008-04-28 at the Wayback Machine. Transparency International. Accessed on December 16, 2007.
  9. "'Isolated' Déby clings to power" BBC News. April 13, 2006. Accessed on September 4, 2007.
  10. Country profile: Chad BBC News. Last updated: August 28, 2007. Accessed on September 4, 2007.
  11. "Deby re-elected president of Chad" Archived 2009-08-23 at the Wayback Machine. CNN. May 28, 2001. Accessed on September 4, 2007.
  12. "Deby claims Chad electoral victory" BBC News. May 28, 2001. Accessed on September 4, 2007.
  13. Background Note: Chad United States Department of State. Accessed on September 4, 2007.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search